Rabu, 29 Juli 2009

KLEPON (Jagongan Boso Jonegoro)

Nda, iki ora crito banyolan koyo biasane. Iki ngono nggur tulisan biasa kanggo nambani roso penasaranku bab klepon sing jare wong tuwek (sepuh) iso kanggo nambani udun/bisul (nek coro boso Jonegorone “tonyonen”).

Keneng opo aku ora nulis wong tuwo? Mengko mundhak eneng sing rumongso, mergo jare pak Martin Moentadhim Sri Marthawienata wong tuwo kuwi cekakan soko tembung “wong sing untune dowo” alias “mrongos”.

Sak durunge aku nerusno tulisanku iki, njajal tak jelasno sithik bab klepon. Klepon kuwi salah sijine panganan tradisional sing klebu golongan jajan pasar. Digawe soko glepung beras ketan utowo telo rambat sing diunder-under cilik-cilik, tengahe diisi gula abang (gula Jawa), digodhog nok banyu humub nek wis mateng dientas terus diwur-wuri parutan kelopo. Biasane klepon kuwi digawe rupo ijo, pewarna tradisionale biasane nganggo godhong pandan.

Nda, tak terusno lehku crito bab klepon sing jare wong tuwek iso nambani “tonyonen” utowo udun sing ora waras-waras. Iki kenek diarani pengalaman pibadi. Aku sampek gawok, yo ngandel yo ora. Tapi nyatane yo ngono tenan, sampek lehku mikir dinan-dinan. Nek kelingan, ngguyu dhewe koyo wong edan.

Kawitane wayah nekani wisudane adhiku, anakku udunen nok ndhuwur mripate. Tak priksakno nok dokter diwenehi salep. Salepe jan mandi tenan. Mulih teko dokter, salep diolesno karo bojoku, kiro-kiro sakjam udune mbledhos terus kempes.

Bareng wis rodo suwe, kiro-kiro rong wulan udune thukul meneh nok irunge anakku. Tak priksakno dokter meneh, diwenehi salep karo pil antibiotik. Angger bar ngombe obat karo diolesi salep, udune mbledhos. Tapi thukul udun meneh nok bathuke, ngono terus sampek bolak-balik ngantek obate entek. Lha aku yo bingung dhewe, mesakne anakku wong duwe udun kok ra waras-waras. Anakku sing nggantheng dhewe koyo klentheng kok malah dari ra karu-karuan rupane.


Ora njarak aku crito kancaku nok penggawean, lha jare kancaku dikongkon mbancaki klepon nek wayah “tiron” utowo dino kelahirane. Ora kakehan pikir, tak lakoni opo sing dikandhakne kancaku maeng. Tak niyati ikhtiar golek tombo, soal waras opo ora “wallaahu a’lam” karek opo jare pesthene Gusti Allah.

Ndilalah, kersaning Allah.. sakwise gawekno klepon karo mbah yi-ne, let rong dino kabeh udun sing nok bathuk, kiro-kiro eneng nek telung enggon garing kabeh, sampek saiki Alhamdulillah ora thukul meneh.

Wis sakmono wae, Nda.. iki ngono nggur tulisan biasa kanggo tombo ngantuk timbang dhelag-dheleg mikir garapan sing durung beres koyo wedhus kopok. Ngandel ora-ne, karek nalarem dhewe-dhewe. Mung ono pesen sithik nek wong kuwi wajib ikhtiyar, mengko kasil opo orane karek pasrah nok Ngersane Gusti Allah Kang Maha Kuasa. Suwun..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar