Rabu, 29 Juli 2009

Telung ewu kok njaluk slamet (Boso Jonegoroan)

muji karo karyo, wong loro wis suwe dadi partner (nek coro “singlish” jare markus hartono kuwi artine kekancan), podho-podho mbecak nok lore pasar Jonegoro.
nggur bedane, muji kuwi wonge sabar, sumeh ambek sugeh guyu, mangkane akeh langganane. ora koyo karyo sing wonge grusa-grusu, ora sabaran ambek sugeh jengker tapi jengkerane kasar, mangkane akeh wong sing ra patek seneng.

awan kuwi muji kiro-kiro wis oleh telung tarikan, lha karyo gung oleh tarikan babar pisan. kiro-kiro jam rolas awan wayah manjing luhur, wong loro maeng podho njungok nok becake dhewe-dhewe. muji nepasi awake ngganggo kethune lha sing karyo jedhal-jedhul ngempak rokok siong sing ambune koyo menyan.

let sedhelok, tak ingeti teko adohan enek wong wedok loro metu teko pasar, mbrengkut nggowo barang akeh, ketoke bar kulakan. sing siji marani muji sing sijine marani karyo.

wong wedok sing marani karyo maeng takok “pak, becake kangge?”
“mboten, bu. badhe ngersakne teng pundi?” muji nyauri alus
“ledok kulon, pinten pak?” wong wedok maeng takok
“gangsal ewu, bu” muji njawab
“kok awis? tigang ewu mawon, nggih?” wong wedok maeng ngenyang ongkose
“nggih sampun, monggo” jare muji karo ngangkat ban ngguri becake, karepe wong maeng ben gampak lehe munggah.
bareng wis munggah, didelok wis mapan penak, muji lagek ngonthel becake alon-alon.

lha wong wedok sijine marani karyo karo takok “becake kangge, pak?”
“yo kanggo tho... nek gak kanggo yowis tak buwak nok nggawan” jare karyo
“ape nok endi?” karyo takok nok wong maeng
“klangon, pinten pak?” wong wedok maeng takok ongkose
“mangewu” karyo njawab
“kok awis? tigang ewu mawon, nggih pak? celak mawon kok” wong wedok maeng ngenyang
“langit kuwi ketoke yo cedhak, mbak. tapi adohe ra kaprah” jare karyo karo ndiding mendhuwur.
“pareng nopo mboten tigang ewu?” wong wedok kuwi takok meneh
“yo wis, ra popo, kanggo penglaris” karyo njawab karo mbatin “mosok muji wis entuk patang tarikan, aku kok lagek ape pisanan”
“kene, ndang numpak” jare karyo karo njungkir becake

lagek to wong wedok maeng munggah, lehe njungok yo rung patek mapan, becak wis digenjot karyo, karepe ben ndang teko nggon.
wong wedok maeng jerat-jerit “alon-alon to, pak. engko nek kesosop piye?”
“halah, ra sah criwis. wong nggur telung ewu kok njaluk slamet!” saurane karyo karo mrongos koyo garangan

ooo... alah.... yo karyo, dhapuranem koyo renges...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar