
Lik Pairo gemrenengan dewe. Batine misoh-misoh. Waloh sing nok tegalane ilang eneh sitok. Wis seminggu iki walohe ilang telu. Nggleleng ngrasakno maling waloh, pikirane nglayang golek coro piye carane ben malinge kapok. Sementara neng warunge Mbok Jiyem absen disik. Jam 11 bengi pas ape ndekek sirah neng bantal, wetenge kroso mules. Wis telung ndino iki wetenge rodok gak beres. Nek neng ngguri mesti rodok mbanyu thik ambune nggarai iwak sak blumbang memdem. ..Das! koyo wong kesetrum Lik Pairo njenggirat tangi. Ndilalah nemu ide kok yo pas wetenge mules.
Lik Pairo budhal mengguri ogak nok misri sing biasane dienggo ndoprok nek isuk, tapi bablas nang tegalan panggon tandurane waloh mbari nyangking arit. Ngliwati greng-grengan. Masiyo peteng ndedet koyo kuburan Lik Pairo apal dalan kono koyo apale epek-epek tangane dewe. Liwat galengan sawah, menggok nengen - gedabrus - Lik Pairo keblowok telo sing ambane sak kucing. Lik Pairo mringis ngempet loro sikile ambek wetenge.
"Matane suweeekk..lali nek neng kene onok telone. ginyo maeng gak nggowo senter" batine Lik Pairo misoh.
Lemah Bojonegoro ki pancen hebat. Nek rendheng lemahe ngglender koyo bubur nek di idek kelet nggandholi srandal nggarakno srampate pedhot. Nek ketigo mekar, nelo, pecah-pecah koyo lambe kurang pitamin C.
Teko tegalane Lik Pairo mileh waloh sing di roso cemolong maling. Waloh di cungkil nganggo arit di bentuk segitiga rodo ombo. Isine waloh di buang. Lik Pairo ndoprok. Sepuloh menit urusan weteng beres. Bar di iseni, waloh di tutup eneh nganggo tipak cuilane sing bentuk segitiga maeng. Batine Lik Pairo ngguyu "Hhh kapok-em kapan, rasakno kowe". Korban sitok gak po-po sing penting iso ngerjani maling, ngono batine Lik Pairo.
Besangane Lik Pairo sukses. Waloh sing di iseni 'ngonok-an' di jipuk maling. Dino iki Lik Pairo sumringah. Budhal nang tegal nggowo krenjang pe panen waloh. Walohe utoh mergo malinge kapok. Oleh rong krenjang cacah limolas gedhi-gedhi. "Nek gedhene sak mene petang ewu yo payu" batine Lik Pairo ngetung bathi. Waloh di dhukno ko krenjang, PROK! ceblok siji, cuwil. Lik Pairo kaget, cuwilane aneh. Bentuke segitiga. Tambah kaget eneh bareng eroh isine. "Gak layak jok dhek maeng aku mambu kakus ae" batine Lik Pairo. Waloh di prikso sitok-sitok. Soko limolas iji, pitu sing utoh, liyane isi 'ngono-an' kabeh.
Lik Pairo raine mbrambang. Mbengok tapi untu di geget "Diyampuuuuttttt....!!"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar