Rabu, 10 Juni 2009

Jagongan Jonegoro


Sandal
Bengi kuwi, bar ngisak kyai kamid kesusu muleh, sampek lali nganggo sandal mergane enek tamu penting nok omahe sing adep-adepan karo langgar.
Bareng tamune wis muleh, kyai kamid lagek iling nek sandale keri nok langgar.
“we…, tobat. ape nemoni tamu wae sampek lali nganggo sandal. engko nek ilang lak rugi aku, wong sandal karpil lagek lehku tuku je..” kyai kamid nggremeng karepe dhewe.

Ndilalah, mak jegagik… sak sliweran kayi kamid roh Ali liwat. Ali kuwi santrine sing pinter tur akeh akale. Bareng ndelok Ali kya kamid langsung iling nek nok langgar maeng ijek enek anake wedok sing ayu dhewe, Leli jenenge.

“Li.. Ali! Rene sedhelok cung” Ali diceluk.
“Dalem, kayi” Ali mangsuli
“Tulung, aku jupukno sandal karpilku sing keri nok langgar, nek kowe ra roh rupane, takok Leli yo? Bocahe ijek nok langgar kok” perintahe kyai kamid nok Ali.
“Inggih, Kyai” jawabe Ali karo langsung bledhas nok langgar.

Teko langgar, ali roh Leli lagek bar wiridan karo ndungo. Dasar bocah akeh akale, karepe nggolek bathi kanggo nggarap Leli.

“Lel, aku dhek maeng diutus bapakem njaluk sun nok kowe” jare Ali karo pringas-pringis koyo kethek ketulup
“Mosok? Ra ngandel, kowe ape mbodhoni aku yo? jare Leli.
“Tenan, cah! Wani ciker lho tenanan. Nek gak ngandel tak omongno bapakem yo?” tantange Ali.
“Yo, njajal. Tenan po gak” jare Leli.

Ali langsung mbengok “Pak kyai… kulo mboten diparingi Leli…”
Teko njero omah, kyai kamid mbales mbengok “Leli… ndang dikekno tho… ojo kesuwen..
Karo rodo kepekso Leli ngekeki pipine sing tengen nok Ali. Sruput… Ali langsung nyosor.
“Lha sing kiwo? Ali kurangen
“Moh ra sudi” Leli ra gelem
Ali mbengok maneh “Pak kyai… sing kiwo dereng…
Kyai kamid mbales mbengok “Leli, sing kiwo menisan tho Nduk..
Karo raine ditekuk dadi pitulas, Leli ngekekno pipine sing kiwo. Sruput.. Ali nyosor maneh.

Bareng wis kelakon nggarap Leli, Ali lagek ngomong “Lel, sakjane aku maeng diutus njupuk sandale bapakem, tapi aku ra roh rupane sing ndi?

Rumongso dibodhoni, Leli langsung njupuk taboh jedor, terus dipenthungno nok ndase Ali sak kayange. “KLOTHAK…” suarane koyo perkul ngantem thungkel.
Karo mringis nyekeli ndase sing mrempul, Ali mbathin “Ra popo, mrempul sithik tapi lak bar oleh pipinem sing mulus, Nduk…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar