Rabu, 10 Juni 2009

Jagongan Jonegoro

LELE

Kang Trimo dheleg-dheleg mikir asil panen pari taun iki. Diitang-itung cacahe dhuwik koq pancet wae rugi ora iso mbalikno “embok-e”.
“ojo nglamun wae to Kang, iki sarapane ndang dipangan” jare yu Tarmi karo nggowo sarapan pecel lele karo sambel kemangi kanggo bojone.
“iyo Yung, kene aku tak sarapan” jare Trimo
kang Trimo mangan telap-telep koyo wong kalap, ra perduli gludhug karo bledheg nyamber ngalor ngidul.
Wis bar mangan wareg, wetenge sing njendong koyo jedor malah ketok bunder.
“ngene ki sakjane luweh apik ngopeni lele timbang nandur pari sampek lempok lehku rugi ra tau bathi” anggite Trimo
“Yung, munggohno njajal ngingu lele no piye? Timbang nandur pari yo asile ra iso dijagakno” kandane nok bojone
“Yo Kang, sopo ngerti asile luwung” jare yu Tarmi

Sesuke, sawah rong kedhok pinggir kali sing wis diberakne langsung dikeruk lan dibanyoni. Sakwise dianggep cukup, kang Trimo budhal tuku bibit lele sing arep dicemplungke ning sawah sing wis dadi jomblangan mau.
Kanggo ngiras ngirit pakan, kang Trimo nggawe Jumbleng cacahe loro, siji kanggo wong wedok lan siji kanggo wong lanang.

Bareng wis genep telung ulan, lele dipanen. Lele nok jomblang sing ono Jumblenge kanggo wong wedok luwih gedhe & lemu timbang lele nok jomblang sing ono Jumbleng kanggo wong lanang.

Kang Trimo gawok, terus nakoki yu Tarmi “lha lele Jumbleng lanang kok ra iso lemu koyo lele Jumbleng wedok tho yung?”
“Jawabane nayoh Kang, lele Jumbleng lanang kuwi kuru-kuru mergane nek ape mangan wedi, mergane urung mangan wis mbok thuki penthungan, lha nek lele Jumbleng wedok lemu-lemu iku olehe mangan nggames, mergane lehku menehi mangan karo mesem”.

Karo kukur-kukur kang Trimo ngalih ngiras nggremeng karepe dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar