Kamis, 11 Juni 2009

Jagongan Jonegoro

Ngapunten mawon Mbah...

Bengi iki malem Jemah, hawane adem nembus balung. Seger njungok nok emper ngenteni kancane, Sugeng karo Slamet.
wong loro maeng ape budhal nok dukun kanggo golek sarat ben masalahe sing ruwet iso ndang beres. Dukun sing ape diparani ketepakan tonggo pet gedhek karo Seger, mangkane karepe njaluk ngeterno Seger ben ra sah mbayar, nggur nggowo rokok klobot cap oeloeng karo gulo sak kilo.

let sedhelok Sugeng karo Slamet teko.
"awakem melok pisan piye Ger?" takoke Sugeng nok Seger
"yo, mesisan tak njajal Dukun iki mandi tenan po ra" jare Seger

wong telu maeng langsung budhal nok omahe Dukun sing jerene kondang kaonang-onang mandi japane kanggo mberesi masalahe wong sing ruwet koyo bolah mbulet.

"kulo nuwun, mbah..." wong telu kompak uluk salam
"uhuk..uhuk... monggo" jawabe mbah dukun karo watuk mergo keselek beluke obongan menyan
"we.. lah... ki maeng awakem tho Ger. eneng perlu opo, kok bareng-bareng rene?" takoke mbah dukun
"anu, mbah... kulo kaleh konco-konco niki badhe nyuwun tulung njenengan, dos pundi carane supados masalah kulo kaleh konco-konco saget enggal beres" Seger mangsuli
"we.. ngono tho. gek ndang rene tak deloke" printahe mbah dukun karo ngewur-wuri menyan nok anglo sing ijek mbeluk

"ehem... nek tak delok teko dapuranem kabeh, masalahem ki koyoke ora patek kacek akeh bedane. nek gak masalah karo bojo, sir-siran yo masalah karo demenan. ayo sopo ndisik?" mbah dukun ngongkon wong telu maeng karo silo nok ngarep obongan menyan

Sugeng maju, "kulo riyin, mbah. kulo nembe mawon pedhot kaleh sir-siran kulo, namine Rini. nek saged njenengan japani, kersane Rini mboten saged supe kaleh kulo, terus nyuwun balik maleh sir-siran kaleh kulo"
"halah, masalah kuwi gampang. dilaten watu iki pisan wae, tak jamin sesuk esuk Rini wis bakal mbalik nok awakem maneh" jare mbah dukun karo njupuk watu sing memper koyo watune ponari sing kemlemprak nok latar ngarep omah.

gagenan, Sugeng langsung melet ndilat watu sing dicekeli mbah dukun maeng karo ngomong "matur nuwun, mbah.
bareng Sugeng wis mundur, genten Slamet sing maju karo ngomong "masalah kulo niki langkung ruwet timbangane Sugeng, mbah.."
"hm.. opo kuwi?" dukune takok
Slamet njawab "bojo kulo namine Sumi nyuwun pegat, amargi kulo konangan gendakan kalih Susi, bakul wedang teng pasar kebo, mbah"

"kuwi yo gampang, dilat wae watu iki ping pindho, sesuk tak jamin bojonem wis lali karo masalah kuwi. dadi bojonem sesuk ra sido njaluk pegat" jare mbah dukun

"yes... matur nuwun, matur nuwun, mbah" Slamet mundur karo pringas-pringis persis garangan

"lha masalahem opo Ger?" takoke mbah dukun nok seger
"sakjane masalah kulo niki abot banget, mbah. tapi ningali carane njenengan nek kulo kedah ndilat watu niku, nggih Ngapunten Mawon Mbah... kulo tak pados dukun liyane mawon" jare Seger
"kenek opo?" mbah dukun rodo gawok
"ndek wau kulo nguyuh teng latar, watu sing njenengan cekeli niku pas incer manture uyuh, he.. he.. he.."

"huwek... huwek" tanpo dikomando Sugeng karo Slamet bloke'an mutah-mutah karo misoh-misoh. mbah dukun nggur iso godhek-godhek semlengeren koyo kethek ketulup.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar