
Dimun karo Sarpin wis sewulan dirumat nok RSJ. wong loro mau dadi gendheng mergane gagal dadi Caleg, padahal wis kadung entek akeh pas Pemilu ndek winginane. antarane wong loro maeng Sarpin sing rodo nemen, malah bolak-balik njajal bunuh diri, tapi slamet sakdurunge kelakon wis konangan karo dokter RSJ.
ndidalah awan kuwi, dokter podho lengah. Sarpin kasil mlayu, nekad njegur kali, karepe ape bunuh diri meneh. playune Sarpin maeng dieloki Dimun sing karep mlayu mergo wis ra krasan nang RSJ.
bareng ngerti Sarpin njegur kali, Dimun sing jago nglangi melok njegur kali, karepe nylametne kancane. Sarpin digeret munggah teko kali, akhire Sarpin slamet meneh ra sido mati kelep nok kali.
rong ndino sakwise kedadean kuwi, dokter RSJ methuki Dimun nok kamare. dokter maeng ngomong “pak Dimun, aku wis krungu crito nek awakem wis dadi pahlawan. kasil nylametno Sarpin, ora sido mati kelep”
karo mesam-mesem Dimun njawab “ah.. ngono kuwi wis biasa, pak dokter”
dokter maeng nepuk-nepuk pundake Dimun karo ngomong “aku mrene iki ape ngekeki awakmu kabar apik karo kabar elek”
“kabar sing ping pisan, awakem wis oleh muleh. awakem wis dianggep waras, jiwanem wis dianggep stabil mergo perbuatanem sing heroik, nulung Sarpin teko kematian, padahal kali kuwi iline bantere ra njamak”
“tapi...” karo ngelus gegere Dimun, dokter mau ngomong meneh “kabar sing ping pindho, awakem kudu sing sabar yo... mergo bar mbok tulung kae Sarpin tetep sido mati mergo gantung diri nganggo sarung sing mbok kemulno nok awake. sabar yo...”
koyo wong ra salah Dimun mangsuli omongane dokter “Sarpin ora gantung diri kok, pak dokter”
“aku sing nggantung Sarpin, mergo ngesakno awake teles kabeh”
“ben gak kademen, mangkane Sarpin tak gantung, anggitku tak pepe ben cepet garing...”
Saknaliko dokter maeng langsung nggeblag, bareng ngerti tibake Dimun luweh nemen gendhenge timbang Sarpin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar