Rabu, 10 Juni 2009

Jagongan Jonegoro

WANI KITHING LHO? AKU ORA…

Sore iki jam telu. Trisno mergawe kentheng tenan, sak jam engkas wayah laut.
Engko malem minggu, anggite bayaran nguli batu setu iki iso dienggo sangu ngapeli Sumi, sir-sirane sing dhenok dhebleng koyo Luna Maya, tapi sayange kalah nasib nggur iso mbatur nok Cik Wa.

Jam papat pas, mandor nyebul sumpritan tandane wis wayah laut. Trisno langsung raup, salin klambi terus antri bayaran. Lumayan seminggu oleh satus wolong puluh ewu.

Bar Maghrib gletak, Trisno macak nggantheng, ra kelalen nganggo srimpi ben rodo wangi. Rumongso wis cukup, Trisno mancal polygon, budhal ngampiri Sumi. Anggite ngajak malem minggon ngiras sir-siran koyo wong-wong akeh lumrahe.

Koyo semayan, Sumi yo wis brai, nganggo wedak karo bengesan. Lambene abang koyo jambu tulung, raine sumringah kinclong-kinclong koyo keramik sing bar dipel ndek sore.

Bareng Trisno teko, langsung nyengklak, nggoncek polygon. Cekelan rapet koyo codot ngrangkul pelem mateng wit. Ngacir… cir… cir… budhal nok alun-alun golek jagung bakar Jakarta, sing rasane macem-macem kuwi lho…

Wis bar tuku jagung, karepe wong loro ki mau golek nggon sepi, ape indah-indahan karo nggayemi jagung bakar. Pungkasane oleh nggon nok ngisor wit mauni, sepi tenan….

Rumongso aman ra eneng sing ngawasi, trimo nggedabrus ngomong ngalor-ngidul tebar pesona karo tangane rodo clandakan. Jenenge wong kasmaran, sumi yo nyah-nyoh wae karo cekikikan.

Ra kroso, wis meh jam rolas bengi. Pas lagek enak-enake sir-siran, dadak ono angin wus… mak slenthing, Sumi mambu ra enak koyo entut.
“Kowe ngentut kang?” takoke Sumi
“Ora, dik. Sumpah wani kithing lho aku ora!” Trisno ngeyel
“Aku yo mambu badheg, ojo-ojo kowe dhewe sing ngentut” walese Trisno
“Ora, kang. Lha mbok wani kithing aku yo ra ngentut” jare Sumi
“Lha nek ngono, sopo? Opo gendruwo sing ngentut? Wong nok kene ra eneng wong liyo” jare Trisno

Ndilalah, “MAK GEDABRUG” ono bekakas ceblok teko wit mauni, terus nyuworo “WANI KITHING LHO? AKU ORA…”

Langsung wae wong loro mau klepek-klepek, semaput mergo roh sing muni maeng sopo…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar