
Wis sewulan iki Darmo mbukak praktek. Mben dino pasiene rame umpel-umplean, kejobo akeh sing cocok Darmo kuwi dokter sing ijek bujang tur rupane nggantheng koyo klentheng memper vokalise peterpan.
Sumi sing wis telung ndino prei mergo awake pathing krekes, krungu kabar eneng dokter sing kondang kaonang-onang, langsung pingin budhal. Karepe golek tombo ngiras-ngirus mejeng mbok menowo dokter maeng kepincut, maklum Sumi kuwi primadonane komplek sing meh mben bengi diorak-orak mergo jarene ilegal.

“Lek, aku terno yo?” omonge Sumi nok Triman
Triman sing lagek nggayer nok nduwur becak kaget, ngucek-ucek mripate sing ijek ngantuk karo ngomong “nok endi wuk ayu?”
“nok dokter Darmo, Lek. Aku pirang-pirang ndino iki katisen” jare Sumi.
“whe..lah, mangkane akeh langgananem sing mbalik kucing karo mrengut koyo clurut” Triman mangsuli
“kene, ndang munggah” jare Triman semangat.
Dasar sing numpak becak dhenok dhebleng, masiyo ngongkloh, Triman ra kroso abot mancal becake.
Bareng wis tekan nggone, ndilalah durung ono pasien kejobo Sumi. Langsung wae sumi mlebu karo salam “kulo nuwun, pak dokter”
“monggo, bu. pinarak” jawabe dokter Darmo semanak
"mpun diceluk, bu tho? kulo niki tasik bujang koyo sampeyan lho, dok?" jare Sumi cengengesan
"daleme pundi?" takone dokter Darmo
"kalisari, dok" Sumi mangsuli
Darmo mbathin "wah, iki nek ndelok gayane koyo wong njero komplek"
"sakit nopo, mbak?" Darmo takon maneh
"katisen, dok. pathing krekes, dodo rasane sesek. pun telung dino niki kulo mboten marung" jare Sumi
karo kesik-kesik Darmo ngomong nok njero ati "lha lak tenan tho.."
"monggo, sampeyan ndang mlumah nok bayang kuwi" printahe Darmo karo masang stetoskop nok kupinge. Sumi langsung mlumah nuruti printahe dokter.
"klambine dibukak, kene tak priksane" jare Darmo
karo mbukaki benik klambi siji-siji sumi takon "lha sing ngandhap nggih dibukak nopo mboten, dok?"
Darmo ora njawab, mung kukur-kukur sirahe sing ra gatel. gawok campur bingung Sumi ditinggal glethak dhewekan nok ruang praktek.
Sumi nggremeng "whe..lah, wong lagek ditakoki ngono wae kok wis bingung...."