Rabu, 29 Juli 2009

KLEPON (Jagongan Boso Jonegoro)

Nda, iki ora crito banyolan koyo biasane. Iki ngono nggur tulisan biasa kanggo nambani roso penasaranku bab klepon sing jare wong tuwek (sepuh) iso kanggo nambani udun/bisul (nek coro boso Jonegorone “tonyonen”).

Keneng opo aku ora nulis wong tuwo? Mengko mundhak eneng sing rumongso, mergo jare pak Martin Moentadhim Sri Marthawienata wong tuwo kuwi cekakan soko tembung “wong sing untune dowo” alias “mrongos”.

Sak durunge aku nerusno tulisanku iki, njajal tak jelasno sithik bab klepon. Klepon kuwi salah sijine panganan tradisional sing klebu golongan jajan pasar. Digawe soko glepung beras ketan utowo telo rambat sing diunder-under cilik-cilik, tengahe diisi gula abang (gula Jawa), digodhog nok banyu humub nek wis mateng dientas terus diwur-wuri parutan kelopo. Biasane klepon kuwi digawe rupo ijo, pewarna tradisionale biasane nganggo godhong pandan.

Nda, tak terusno lehku crito bab klepon sing jare wong tuwek iso nambani “tonyonen” utowo udun sing ora waras-waras. Iki kenek diarani pengalaman pibadi. Aku sampek gawok, yo ngandel yo ora. Tapi nyatane yo ngono tenan, sampek lehku mikir dinan-dinan. Nek kelingan, ngguyu dhewe koyo wong edan.

Kawitane wayah nekani wisudane adhiku, anakku udunen nok ndhuwur mripate. Tak priksakno nok dokter diwenehi salep. Salepe jan mandi tenan. Mulih teko dokter, salep diolesno karo bojoku, kiro-kiro sakjam udune mbledhos terus kempes.

Bareng wis rodo suwe, kiro-kiro rong wulan udune thukul meneh nok irunge anakku. Tak priksakno dokter meneh, diwenehi salep karo pil antibiotik. Angger bar ngombe obat karo diolesi salep, udune mbledhos. Tapi thukul udun meneh nok bathuke, ngono terus sampek bolak-balik ngantek obate entek. Lha aku yo bingung dhewe, mesakne anakku wong duwe udun kok ra waras-waras. Anakku sing nggantheng dhewe koyo klentheng kok malah dari ra karu-karuan rupane.


Ora njarak aku crito kancaku nok penggawean, lha jare kancaku dikongkon mbancaki klepon nek wayah “tiron” utowo dino kelahirane. Ora kakehan pikir, tak lakoni opo sing dikandhakne kancaku maeng. Tak niyati ikhtiar golek tombo, soal waras opo ora “wallaahu a’lam” karek opo jare pesthene Gusti Allah.

Ndilalah, kersaning Allah.. sakwise gawekno klepon karo mbah yi-ne, let rong dino kabeh udun sing nok bathuk, kiro-kiro eneng nek telung enggon garing kabeh, sampek saiki Alhamdulillah ora thukul meneh.

Wis sakmono wae, Nda.. iki ngono nggur tulisan biasa kanggo tombo ngantuk timbang dhelag-dheleg mikir garapan sing durung beres koyo wedhus kopok. Ngandel ora-ne, karek nalarem dhewe-dhewe. Mung ono pesen sithik nek wong kuwi wajib ikhtiyar, mengko kasil opo orane karek pasrah nok Ngersane Gusti Allah Kang Maha Kuasa. Suwun..

Ora usah wedi, mas... aku iki yo wong biasa kok... (Jonegoro Story)

Rohmad wis suwe lehe lulus teko SGO, bocah kuwi nek dikongkon salto karo senam indah endhage ra kaprah. Tapi sampek saiki durung ono sekolahan sing gelem nompo rohmad dadi guru olah raga.

Wis rong taun iki rohmad mergawe nok singapur, yo sing ngapur tembok, sing ngapur pager, pokoke bagian pengapuran alias tukang cet.

Diino iki rohmad moco pengumuman eneng lowongan nok kebun binatang, mbutohno lulusan SGO. rohmad rodo bingung, wong kebun binatang kok mbutohno lulusan SGO. Tapi mergo dhe’e rumongso lulusan SGO yo langsung wae budhal nglamar.

Bareng wis tekan kebun binatang, rohmad methuki pak Budi kepala bagian personalia. Wis pethuk pak Budi rohmad takok “nopo leres mbutohne lulusan SGO pak?”
“oh iyo, bener. Awakem lulusan SGO tho?” pak Budi takok nok rohmad
“inggih, pak” rohmad njawab
“iso senam indah karo salto po ra?” pak Budi takok maneh
“saged, pak. kulo niki ahline lho” jare rohmad
“yo wis, awakem tak trimo” jare pak Budi
“lha kok gampil banget pak?” takoke rohmad bingung
“yo, soale orang utan primadona kebun binatang iki lagek wae mati, padahal keh wong seneng mergo orang utane pinter mencut penonton nganggo gayane salto sing nggawokne wong. Awakem dadi gantine, engko tak klambeni kostum orang utan, gelem pora?” jare pak Budi karo takok nok rohmad
“hm... nggih sampun, timbang nganggur kulo purun” rohmad njawab
“yo wis, sesuk esuk ndang mulai mergawe” jare pak Budi

Sesuke, rohmad diklambeni kostum orang utan terus dikrangkeng nok kandang sing jejer karo kandang singo. Anehe kandang maeng digawe teko kayu, ora teko wesi.

Orang utan sing asline rohmad maeng mulai pasang aksi, penculotan, salto, jungkir walik koyo atlet senam indah. Wong-wong sing ndelok podho gawok, tepuk tangan ra karu-karuan karo godheg-godheg.

Rumongso akeh sing seneng, orang utan sing asline rohmad dadi gedhe endhase, salah tingkah, malah nggawe polah sing ora-ora. Olehe penculotan malah digawe-gawe.
“GUBRAK” krangkenge jepluk, mergo kesantap awake rohmad. Karuan wae rohmad keblusuk nok kandang singo.

Singo sing enak-enak turu kaget, rumongso turune diganggu orang utan langsung moro nyedhak. Orang utan alias Rohmad maeng wedi, awake ngejer... wong selawase urip durung tau adhep-adhepan karo singo. Rohmad mundur-mundur akhire kepepet nok ram-ramane kandang. Singo maeng malah maju karo nggereng-ngereng ambek endhase dipepetne nok raine orang utan sing bleger asline rohmad nganggo kostum orang utan.

Wong-wong sing ndelok podho pathing jlerit, ngesakno karo wedi nek orang utan kesayangane dipangan singo.


Ora sadar nek rohmad ijek nganggo kostum orang utan, mergo saking wedine rohmad bengok-bengok “tulung..... tulung.....”

Wong-wong sing ndelok yo kaget campur gawok, orang utan kok iso muni njaluk tulung.

Singo maeng bareng eroh nek orang utan maeng asline rohmad, malah nyedhak karo mbisiki “ora usah wedi, mas... aku iki yo wong biasa kok”

"we... tibake podho mas, tiwas aku wedhi sampek kepuyoh-puyoh" jare rohmad

Telung ewu kok njaluk slamet (Boso Jonegoroan)

muji karo karyo, wong loro wis suwe dadi partner (nek coro “singlish” jare markus hartono kuwi artine kekancan), podho-podho mbecak nok lore pasar Jonegoro.
nggur bedane, muji kuwi wonge sabar, sumeh ambek sugeh guyu, mangkane akeh langganane. ora koyo karyo sing wonge grusa-grusu, ora sabaran ambek sugeh jengker tapi jengkerane kasar, mangkane akeh wong sing ra patek seneng.

awan kuwi muji kiro-kiro wis oleh telung tarikan, lha karyo gung oleh tarikan babar pisan. kiro-kiro jam rolas awan wayah manjing luhur, wong loro maeng podho njungok nok becake dhewe-dhewe. muji nepasi awake ngganggo kethune lha sing karyo jedhal-jedhul ngempak rokok siong sing ambune koyo menyan.

let sedhelok, tak ingeti teko adohan enek wong wedok loro metu teko pasar, mbrengkut nggowo barang akeh, ketoke bar kulakan. sing siji marani muji sing sijine marani karyo.

wong wedok sing marani karyo maeng takok “pak, becake kangge?”
“mboten, bu. badhe ngersakne teng pundi?” muji nyauri alus
“ledok kulon, pinten pak?” wong wedok maeng takok
“gangsal ewu, bu” muji njawab
“kok awis? tigang ewu mawon, nggih?” wong wedok maeng ngenyang ongkose
“nggih sampun, monggo” jare muji karo ngangkat ban ngguri becake, karepe wong maeng ben gampak lehe munggah.
bareng wis munggah, didelok wis mapan penak, muji lagek ngonthel becake alon-alon.

lha wong wedok sijine marani karyo karo takok “becake kangge, pak?”
“yo kanggo tho... nek gak kanggo yowis tak buwak nok nggawan” jare karyo
“ape nok endi?” karyo takok nok wong maeng
“klangon, pinten pak?” wong wedok maeng takok ongkose
“mangewu” karyo njawab
“kok awis? tigang ewu mawon, nggih pak? celak mawon kok” wong wedok maeng ngenyang
“langit kuwi ketoke yo cedhak, mbak. tapi adohe ra kaprah” jare karyo karo ndiding mendhuwur.
“pareng nopo mboten tigang ewu?” wong wedok kuwi takok meneh
“yo wis, ra popo, kanggo penglaris” karyo njawab karo mbatin “mosok muji wis entuk patang tarikan, aku kok lagek ape pisanan”
“kene, ndang numpak” jare karyo karo njungkir becake

lagek to wong wedok maeng munggah, lehe njungok yo rung patek mapan, becak wis digenjot karyo, karepe ben ndang teko nggon.
wong wedok maeng jerat-jerit “alon-alon to, pak. engko nek kesosop piye?”
“halah, ra sah criwis. wong nggur telung ewu kok njaluk slamet!” saurane karyo karo mrongos koyo garangan

ooo... alah.... yo karyo, dhapuranem koyo renges...

Wedi sampek Pucet (Crito Jonegoroan)

soleh karo kasan, cah-cah maeng semayan ape sepedahan golek seger-segeran. anggite ape mlaku-mlaku nok alun-alun sing saiki lagek enek Expo, ngiras-ngirus golek semongko kanggo buko engko sore, mergo cah-cah kuwi podho poso rejeban.
"engko pethuk nok endi leh?" kasan takok nok soleh
"nok ngarep gedung wanita wae, menisan engko parkir sepedah nok kono" jare soleh

Kiro-kiro jam setengah limo, bocah loro maeng pethukan nok ngarep gedung wanita, koyo enek sing ngabani cah loro maeng langsung markir sepedah terus mlaku-mlaku ndelok keramean nok alun-alun

Bareng tekan pojok etan, enek bakul semongko tanpa biji. Nok ngarepe ditulisi "ada biji uang kembali". Karo meneh enek irisan semongko sing abang mbranang koyo lambe sing dibengesi. rupane mingir-mingir, nek didelok sawangane legine ra kaprah. Kathik nok jejere enek papan tulisan "tidak merah uang kembali"

Cah-cah maeng clegak-cleguk ngulu idu karo mbatin "mek ndahneyo segere..."
Ora kesuwen cah loro maeng langsung tuku sitok-sitok.
"engko nek gak abang tak balekno lo lek?" jare soleh
"nggonku yo, nek enek isine tak balekno yo?" kasan melok-melok
"yo, beres" jare bakule semongko
Wis bar mbayar cah loro maeng langsung njupuk sepedah nok parkiran terus cepet-cepetan muleh nok omahe dhewe-dhewe.

"Allahu Akbar, Allahu Akbar" suara Bilal, tandane wis wayah Maghrib.
Soleh sing wis krungu adzan langsung ngiris semongkone sing jare bakule rupane abang karo rasane legine ra kaprah.
"he.... rupane kok ijek koyok semongko mentah ngene? Ijek puteh kabeh..." soleh kaget karo nggremeng"
"wah, aku dibodhoni ki, duwikku kudu tak jaluk meneh, tak balekno wae semongkone" jare soleh

Nok omahe kasan, dhewe meneh critane...
Bareng krungu adzan, kasan langsung ngiris semongko sing jarene tanpa biji maeng.
"whe.. e.. e.. mbah darmo.. lha semongkone kok akeh isine?" kasan kaget
"Wah aku ketipu, kudu ndang tak balekno ben duwikku iso cepet mbalik"

Kasan gagenan njupuk sepedah, langsung balik nok bakul semongko maeng. Tekan kono, wis enek soleh sing mencak-mencak srengen karo bakul semongko.
"jarene rupane abang, bareng tak iris kok ijek puteh kabeh. Kowe wis mbodhoni aku lek. Endi duwikku tak jaluk meneh" jare soleh
"sabar, sabar sik tho" jare bakul semongko
"kowe maeng numpak opo?" soleh ditakoki bakul semongko
"numpak sepedah" jare soleh
"banter pora? Lha semongkone mbok dekek endi?" Bakule takok meneh
"banter tho, wong aku kesusu selak Maghrib, semongkone tak gantung nok setire sepedah" jare soleh
"lha kuwi.... Sakjane tekan kene maeng semongkone rupane abang... tapi mergo mbok gantung karo lehem numpak sepedah kebanteren, semongkone wedi akhire tekan omah rupane pucet ora abang meneh.." jare bakul semongko
Mergo ijek cilik, soleh yo ngandel wae terus mbalik muleh karo nggowo semongko sing ijek plonco maeng.
"lha kowe kenek opo meneh?" kasan ditakoki bakul semongko
"aku yo ape njaluk duwikku mbalik.. jare semongko tanpa biji, bareng tak iris nok omah kok akeh isine" jare kasan
"we... lha kowe ki piye tho? Semongkoku ki pancen tanpa biji" jare bakul semongko ngeyel
"lha kok akeh isine?" kasan yo melok ngeyel
"kuwi maeng saking aku apikan, kowe tuku semongko tanpa biji wis tak imbohi kwaci. Ngono kok ijek protes" jare bakul semongko
Dasar cah cilik, kasan mbalik muleh karo nggowo semongko sing jare tanpa biji tapi wis dibonusi kwaci maeng.

Oo.. alah... mugo-mugo bakul nok Jonegoro ra eneng sing koyo kuwi maneh......

Dongkrake Ngganjel...

Sore kuwi Paidi nyegat angkot ape muleh mergawe. Maklum, najan dhe’e ki montir tapi durung duwe udhug, menyang muleh mergawe mesthi repot nyegat angkot.

Bareng enek angkot liwat, diendheg terus numpak.
Nok njero angkot maeng Paidi jejeran karo cewek pegawai apotek. Mergo penumpange wis pol, najan usel-uselan Paidi yo hoah-hooh wae, lha sing dijejeri wong ayu. Malah ijek kober njaluk kenalan “jenenge sopo, mbak? Kenalno aku Paidi”
“Susi, mas” cewek maeng nanggepi jalukane Paidi

Ndilalah nok tengah dalan, angkot ijek gelem mendheg mergo enek wong tuwek nyegat ape numpak, padahal angkot ki maeng wis ora cukup dileboni penumpang maneh.

Anggite karo golek kesempatan, Paidi kondho karo cewek jejerane maeng “Sus, ngesakno wong tuwek kuwi nek ra oleh kendaraan ra iso muleh. Iki kan angkot terakhir”
“lha apike piye, mas Di? Sampeyan ape mudhun ben dinggo wong kuwi ye?” takoke Susi
“yo ora ngono, piye nek awakem tak pangku, ben wong tuwek kuwi iso numpak?” jare Paidi

Eh, jan awak apik tenan. Susi yo kok gelem wae nuruti karepe Paidi “yo wis, mas. ra popo” jare Susi karo mapan nok pangkone Paidi.

Nok njero angkot sing malah sesek ki maeng mergo enek tambahan penumpang, Paidi malah mesam-mesem, seneng atine iso mangku wong ayu.

“omahem endi to Sus?” Paidi takok
“ngumpakdalem, mas. lha sampeyan endi?” Susi mbales takok
“mojoranu” jare Paidi
“awakem ki mergawe nok apotik tho, Sus?” Paidi takok maneh
“lho sampeyan kok eroh, mas?” Susi gawok
“lha, ambunem ki obat thok je...” jare Paidi



“lha nek sampeyan, mas? mbengkel po piye? gentenan Susi sing takok
“yo, Sus bener. Lha awakem yo kok eroh?” Paidi ketularan gawok
“iyo, tho... lha lehku njungok nok pangkonem ki ra penak kabeh... dongkrakem ngganjel” jare Susi

Koyo disamber bledhek, rupane Paidi sakkal dadi abang mbranang, ngempet isin mergo sak angkot krungu opo sing dadi omongane Susi.

Ooo alah ...Di... Paidi...

- Ono sing Nyengkal....

Sore kuwi Sirun ngajak Sarip mlaku-mlaku. Biasane wong 2 kuwi nek metu goncekan numpak udhug, kliter-kliter kutho ngentekno besin, gayane koyok sing duwe pom bensin sak Jonegoro.

Cilakane, saiki wis ra iso goncekan meneh, Sarip sikile coklek sing Sirun mripate ra iso ndelok mergo bar kecelakaan, udhug sing ditumpaki kejlungup nok galengan mergo ngendhani wedhus sing ucul teko cencangane.


Tapi, wong loro ki pancen senengane ngluthus, blakrakan nok endi-endi. ora mikir awake wis legrek ra karu-karuan tetep wae budhal mlaku-mlaku. Sirun sing ora iso ndelok, nggendong Sarip sing ra iso mlaku, ngamplok nok gegere. Sarip sing ngaban-abani Sirun supoyo mlaku ngiwo po nengen.

Ora kroso, wong 2 maeng mlaku tekan pasar. Bareng nok ngarep bakul trasi, Sirun takok karo Sarip “Rip, iki ape tuku trasi tho piye?”
“lha kowe kok eroh, Run” Sarip gawok, wong ora ndelok kok iso eroh
“ambune, lho” jare Sirun

Sarip ngabanei mlaku meneh, terus mandheg nok bakul iwak, Sirun takok meneh “ape tuku iwak ye?”
“kowe kok eroh wae, tho Run?”
“ambune, lho” jare Sirun

Sarip mbathin, “we.. cah iki irunge nek kon ambon-ambon jan koyo irunge kirik. njajal tak jak nok nggawan iso eroh po ra” terus Sarip ngabani meneh mlaku metu teko pasar nok pinggir nggawan

“kowe ape adus, Rip? kok aku mbok jak nok nggawan?” Sirun takok
“lha kowe kok eroh meneh tho, Run?” Sarip bingung takok meneh
“lha, iki mesthi akeh wong wedok adus nok nggawan... wong rasane eneng sing nyengkal nok gegerku bekakasem ngadeg yo? gegerku loro kabeh” jare Sirun

Karo pringas-pringis Sarip ngomong “he’eh... iyo, tibake kowe bener meneh, Run”

Jonegoroan Maneh, Nda..!



Paijan numpak bis ape mburoh ngedhos nok lamongan, jarene wong-wong penggaweane saiki dadi dosen (olehe Ngedhos sampek sasen-sasen).

nok njero bis maeng wis enek penumpange siji, macake necis katik nganggo arloji sing taline nggilap ngulapne moto. Paijan gawok, didelak-delok wong kuwi kok senthak-senthuk sirahe karo lambene unyal-anyul koyo wong edan. "sakjane kenek opo wong kuwi" batine Paijan

Paijan imbas-imbis rodo wedi, terus nyedhak. karepe ape takok wayah.
Paijan takok "mas, saiki jam piro?"
wong maeng ora njawab, meneng wae karo nglirik thok.
"mas, jam piro?" Paijan takon maneh karo suarane rodo dibanterno, tapi wong maeng yo tetep wae meneng ora ngrewes blas.
Paijan muring-muring ambek nablek pundake wong maeng karo ngomong "mas, sampeyan ki budheg po piye? ditakoki jam wae kok angel tenan. lagek duwe jam ngono wae anggakem wis ra kaprah."

kaget ra karuan, wong maeng nyoplok head set sing nok kupinge karo ngomong"ono opo tho, mas... sampeyan kok srengen karo aku? njumbulno wong wae.... ra ngenak-ngenaki lagek ngrungokno Wariyati"


"sepurane, mas. aku ra njowo nek kupingem mbok sumpeli ngonokan. Wariyati ki yo sindir idolaku je.. aku sileki sedhelok yo?" jare Paijan ndromos

We.. nggladrah... karepe takok wayah lha koq malah gayeng nyetel sindiran.... Jan, Paijan

Setali tiga uang alias sami kemawon...


jarwo karo lilik lagek selapan olehe kawin. cilakane, jarwo iki wis suwe nganggur, diPHK mergo pabrik kripik karo balungkuwuk nggon mergawene bangkrut.
saben dino morotuwo plerak-plerok mergo jarwo senengane nggur cangkruk nok warung karo nyeket nomer sing ra tau tembus.
suwe-suwe jarwo bingung polahe dhewe, terus nekat daftar nok PJTKI ben iso mergawe nok Saudi.

bareng wis wayah budhal jarwo pamit karo bojone "dhik, aku budhal mergawe nok saudi suwene rong taun"
"rong taun kuwi suwe yo kang. awak dhewe ki nganten anyar, engko gek kowe nok saudi kono ra betah ngempet terus golek genda'an" jare lilik
"ora dhik, aku ra ngarah selingkuh. kanggo tenger, aku nggowo jagung garing iki sitok, awakem yo tak tinggali sitok" jare jarwo
"maksudem piye kang?" lilik takok
"nek jagungku utowo jagungem iki utoh ra enek upilane pas aku muleh suk mben, kuwi tandane aku ambek kowe ora selingkuh" jarwo njelasno

kelakon nok saudi, jarwo sregep mergawe karo kirim duwik kanggo bojone. tapi jenenge uwong, jarwo ra kuat ngempet butohan sing sitok "kuwi".
wis genep rong taun, jarwo mulih tapi duwe roso wedi, mergo jagunge kalong rolas upilan.
bareng pethuk bojone, jarwo langsung sujud nyembah sikile bojone karo njaluk sepuro
"sepurane dhik, aku ra betah. jagungku kalong rolas upilan"
"ora popo kang. aku ngerti kok, ora popo. wis kono ndang mangan, aku adang jagung" jare lilik

rumongso disepuro, jarwo mangan telap-telep koyo wong kaliren.
bar mangan, jarwo methuki bojone maneh karo ngomong "awakem ki jan bojoku sing matoh tenan, dhik. ngerti bojonem selingkuh sampek ping rolas kok langsung mbok sepuro"

lilik njawab "ora popo kang, mergo aku dhewe yo selingkuh. sego jagung sing mbok pangan maeng yo olehku mbebek teko upilan jagung lehku selingkuh. lha inova nok ngarep kae yo lehku tuku nganggo duwik asil adol jagung upilan"


mak gedabruk, jarwo langsung nggeblak...