Minggu, 17 November 2019

Geguritan

UDAN ING WANCI SORE

Mendhung kang gumantung
Kasaput dening sumilir angin sore
Kasusul gerimis riwis-riwis
Masuh pelataraning sanubari

Udan kang dak anti-anti
Dadi pratandha titi wanci
Pamungkasing mangsa Ketiga 
Kang suwe lan dawa

Udan sore iki
Deres nelesi bumi
Kasambut rasa bungahing ati
Ugi pangucap syukur sarta pamuji



Asrul Irfanto
Bojonegoro, 17 November 2019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar